Logo SantriDigital

Adab seorang santri kepada allah dan

Ceramah
M
MAAS FIQHI AKBAR ZIYAA'UL HAQ Z.A
7 Mei 2026 4 menit baca 2 views

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَا...

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِينَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ، أَمَّا بَعْدُ. {يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ} (آل عمران: 102) رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِي يَفْقَهُوا قَوْلِي. Ingkang kinurmatan, para alim ulama, para kiai, para asatidz, asatidzah, bapak ibu tamu undhangan, saha para santri-santriku ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah Subhanahu wa Ta'ala. Sugeng dalu, mugi-mugi ing dalu menika kita sedaya tansah pinaringan rahmat saha barokah saking Allah SWT. Kula ing mriki minangka rencangan panjenengan sedaya, ingkang nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentunipun ing salebeting gunem. Dinten menika kita badhe sesarengan ngrembag babagan ingkang wigati sanget, utaminipun kanggé kita, para santri. Tema ingkang badhe kula aturaken inggih menika "Adabipun Santri dhumateng Allah SWT". Para santri kadang kala kita kelalen, utawi malah mboten kepanggih kaliyan hakekatipun kesantrian. Kita mlebet wonten ing pondok menika kanti niat tholabul 'ilmi, nyuwun ridhanipun Allah, nanging sok-sok lali kaliyan adab ingkang paling dados dhasar, inggih menika adab kita dhumateng Ingkang Maha Agung, Allah Subhanahu wa Ta'ala. Adab ingkang pertama lan utami duminipun santri dumateng Allah inggih menika ma'rifatullah, kenal lan mangertos sinten Sejatosipun Allah. Nanging, sinten ingkang saged ngertos kelawan Gusti niku kados pundi? Sumangga kita prihatosaken firman Allah wonten ing Surah Al-Baqarah ayat 255, saklebetipun ayat kursi: {اللهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّومُ ۚ لَا تَأْخُذُهُ سِنَةٌ وَلَا نَوْمٌ ۚ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ مَنْ ذَا الَّذِي يَشْفَعُ عِنْدَهُ إِلَّا بِإِذْنِهِ ۚ يَعْلَمُ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ ۖ وَلَا يُحِيطُونَ بِشَيْءٍ مِنْ عِلْمِهِ إِلَّا بِمَا شَاءَ ۚ وَسِعَ كُرْسِيُّهُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ ۖ وَلَا يَئُودُهُ حِفْظُهُمَا ۚ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيمُ} Allah, tidak ada Tuhan (yang berhak disembah) melainkan Dia yang hidup kekal lagi terus menerus mengurus (makhluk-Nya); tidak mengantuk dan tidak tidur. Kepunyaan-Nya apa yang di langit dan di bumi. Tiada yang dapat memberi syafa’at di sisi Allah tanpa izin-Nya? Allah mengetahui apa-apa yang di hadapan dan di belakang mereka, dan mereka tidak mengetahui apa-apa dari (pelajaran) ilmu Allah kecuali apa yang dikehendaki-Nya. Kursi Allah meliputi langit dan bumi. Dan Allah tidak merasa berat memelihara keduanya, dan Allah Maha Tinggi lagi Maha Besar. Nalika kita maca ayat menika, kados pundi manah kita? Niku Gusti kita, kabeh alam semesta niku kagunganipun, kabeh ingkang wonten niku ngertos, lan mboten wonten ingkang saged tumandang menapa-menapa tanpa idinipun. Nanging, asringipun kita rumiyin niku namung tumindak niku diten, niku wengi, tanpo mikir menawi sedaya niku dipun tingali kaliyan Gusti Allah. Kados pundi ta, nalika panjenengan niku nindakaken lampah ingkang mboten sae, dipun wastani konangan dening kanca, niku sampun prihatos, apolagi menawi konangan kaliyan Gusti Allah. Sahabat, adab ingkang sanes inggih menika tahaddar minallaah, ajrih utawi marem dumateng Allah. Inggih menika nindakake perintah-perintahipun lan ngedohi laranganipun, sanajan mboten wonten ingkang sumerep kejawi Allah. Ingkang dados pertanyaan, menawi panjenengan niku nindakaken maksiat nalika mboten wonten tiyang ingkang sumerep, menapa niku badhe panjenengan tindakake? Padahal Allah niku langkung cedhak timbang urat nandi panjenengan. Kados pundi adabipun santri, nalika dipun paringi ujian, dipun paringi pitados kaliyan amanah, nanging malih ngiyanati. Sinten ingkang badhe nanggung kerugian menawi boten Gusti Allah? Rasulullah ﷺ ngendikaken: "اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ" (رواه الترمذي) Artosipun: "Sikaken marang Allah ing ngendi wae kowe nututi, lan saiki ngendikan kanti becik tumrap wong niku, lan aja nganti nyebapake wong liya ngroso sedih." Nalika kita niku kepalangan, nyuwun pangapunten. Kadang kala kita kepalangan ingkang luhur, nalika dipun paringi kesedihan, kepalangan ingkang nglarani. Niku kabeh saking Allah, kanti tujuan supados kita niku eling lan mboten kesupen marang Gusti kita. Ingkang paling saged kula aturaken ing dalu menika, para santri kekasih Allah. Adab ingkang paling penting duminipun santri dhumateng Allah inggih menika kanthi nindakaken sedaya perintahipun kanthi ikhlas lan sabar, sae ing wekdal penak menapa malih ing wekdal angèl. Nggaos Al-Qur'an kanthi tumanin, nglampahi shalat kanthi khusyu', ngibadah kanthi tenanan. Kabeh niku minangka bukti tresna dhumateng Allah. Mangga kita introspeksi piyambak-piyambak. Kados pundi ta adab kita dhumateng Allah? Menapa kula wis bener-bener nglampahi perintahipun? Menapa kula wis bener-bener nebihi laranganipun? Menapa kula wis nindakaken sabar nalika dipun paringi Ujian? Menawi sampun kathah klenta-klentunipun, monggo kita nyuwun pangapunten dhumateng Allah. Kalih nyuwun pangapunten dhumateng kula. Mugiyo Allah ngapunten sedaya dosa-dosa kula. Ya Allah, mugiyo panjenengan paring pangapunten dhumateng kula, dhumateng tiyang sepuh kula, guru-guru kula, saha sedaya kaum muslimin. Mugiyo panjenengan paringi rahmat lan taufiq supados kita saged nindakaken adab ingkang sae dhumateng panjenengan. Mekaten ingkang saged kula aturaken, kula nyuwun agengipun pangapunten menawi wonten kalepatan ingkang mboten sae, mbok menawi wonten klenta-klentunipun. وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Bagikan artikel ini

Artikel Lainnya

Lihat semua →